Senin, 05 Oktober 2009

Ngoko

Nyinau Basa Jawa Kanthi Krasa Sayang

 

          Akeh sing ngomong yen basa Jawa iku angel. Malah ana uga sing duwe temuan yen nyinau basa Jawa iku luwih angel ketimbang karo nyinau basa manca. Menawa sing duwe temuan mau ya wong asli Jawa. Kepriye kok isa mangkene? Apa betul basa Jawa iku tenan angel? Omonge para wong tuwa, sabenere basa Jawa iku boten angel. Menawa kegawe angel ya banjur dadi angel temenan. Basa Jawa dianggep angel amarga ing basa Jawa ana sing diarani undha-usuk utawa unggah-ungguhing basa.

          Unggah-ungguhing basa mau dibagi dadi papat. Ngoko lugu, ngoko alus, krama lugu lan krama alus. Teka unggah-ungguh basa jumlah papat mau sing dianggep gampang dhewe yaiku ngoko lugu. Basa ngoko lugu akeh digunakna ing tlatah Jawa, digunakna kanggo wicara wong tuwa menyang wong enom utawa bocah, uga kanggo wicara bocah karo bocah, utawa wong tuwa menyang wong tuwa sing wis raket anggone kekancan.

          Dene unggah-ungguh basa sing dianggep angel yaiku basa krama alus, amarga kudu akeh ngapalna tembung-tembung, mligine tembung sing kanggo ngajeni menyang wong tuwa. Babagan undha-usuk utawa unggah-ungguhing basa mau ? para siswa isa sinau ing sajerone wulangan basa Jawa ing sekolah.

          Awit anane Keputusan Gubernur Jawa Tengah Nomer 895.5/01/2005 ngenani kurikulum basa Jawa, basa Jawa nuli dadi wulangan wajib sing diwewehi ing sekolah-sekolah awit tataran SD (Sekolah Dasar) nganti kasebut, wulangan basa Jawa namung kanggo genep-genep, namung diwulangna ing tataran SD tekan SMP. Sakiki basa Jawa wis dadhi basa sedinane, muga-muga wae isa njalari basa Jawa dadi luwih luas, boten ajeg mrihatina.

          Akeh para ahli basa sing pada wicara yen sejatine sing njalari basa Jawa dadi mrihatina iku boten nguri-uri ya teka wong Jawa dhewe. Saperangan gedhe wong Jawa boten ngulinakna mawa basa Jawa ing uripe. Wadaning yen basa Jawa boten praktis, kurang komunikatif, lan liya-liyane. Nyatane wektu iku akeh kluwarga-kluwarga Jawa anggone pada ngrumat anake boten nganggo basa Jawa. Utamane ibu-ibu, sing asli wong Jawa, nanging kados-kados wis pada lali menyang basa Jawa. Buktine wektu duwe anak, teka lair anake nganti wis dikulinak-kulinakaken mawa basa Indonesia. Nganti pisan boten dikulinakna ngomong basa Jawa.

          Dadi para anak pada boten dhong menyang basa Jawa. Apa maneh unggah-ungguhipun. Saperangan ibu-ibu mau pada wicara yen ing jaman teknologi sarwa maju iku basa Jawa boten patos prelu lan maneh saiku umumipun pada nganggo basa Indonesia. Mulane milih nganggo basa Indonesia wae sing ngomonge luwih gampang. Temuan mau ana benere nanging uga akeh salahe. Wis dingerteni ing akeh panggon yen basa Jawa iku boten namung isa kanggo pasrawungan wae. Luwih teka iku basa Jawa uga isa kanggo ngrumat babagan tatakrama, sopan santun, lan budi pekerti menyang para anak.

          Nganti ngulinakna nganggo basa Jawa, kaajab para anak mau isa luwih nggadhahi tatakrama sing apik lumantar unggah-ungguhing basa. Basa Jawa iku tetep nggadhahi keapikan menawa ditandhingna karo basa liyane. Matur nuwun.

          Menawa contoh, aku tau maca sijining rubrik pendhidhikan ing kalawarti Jayabaya, sing nyebutna yen tembung-tembung ing basa Jawa iku apik-apik. Lagi anggone ngucapna wae beda karo tembung-tembung ing basa liyane. Upamane tembung ”matur nuwun” anggone ngucapna tamtu nganti sareh. Beda karo anggone ngucapna tembung thank you, terima kasih, kamsia, sing isa diucapna nganti seru utawa sora. Basa Jawa isa disinau mawa cara sing warna-warni, kados sing isih tansah aku lakukna. Cara-cara mau upamane, isa sinau lumantar buku-buku basa Jawa ing sekolahan, mligi para siswa, menawa mrangguli bab-bab sing boten cetha kudu wani takon menyang bapa utawa ibu guru Jawa.

          Kanggo sing durung weruh, kalawarti lan ariwarti basa Jawi iku isine werna-werni, teka dongeng kanggo para anak, kabudayan, kasusastran, tekan paramasastra padha ana. Nganti kerep maca wacanan basa Jawa mau boten krasa kawruh kita bab-bab sing kurang cetha, isa takon menyang para wong tuwa kawawas pancen pana ing bab basa lan kabudayan Jawa, lumrahe para wong tuwa mau nyata mumpuni dhewe. Nuli, kira-kira kasil lan boten anggone nyinau basa Jawa mau gumantung menyang pribadine dhewe. Sing wigati, sadurunge wiwit nyinau basa Jawa luwih dhisik kudu dhuwe niyat sing kiyat nganti dilandhesi marang basa Jawa. Nindakna pegawean apa wae menawa dilandhesi rasa sayang lumrahe tamtu pingin nuwuhi asil sing apik lan nyenengake. Luwih prayoga minangka wong sing wis kinodrat dadhi wong Jawa ayo pada nggadhahi rasa sayang menyang basa Jawa. Sapa maneh sing kudu nyayangi menawa boten wong Jawa dheweke. Ya aku karo kuwe kabeh.

Senin, 27 Juli 2009

Saloka lan peristiwane

1. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean.

Pak Tejo wingi nembe kondur saking Arab. Piyambake entuk banyu zam-zam kathah sanget. Saking kathahe Pak Tejo boten itung-itung anggone ngedum banyu kuwi. Malahan, nganti entek banyu zam-zam kuwi sakdurunge Pak Teja oleh bagean.

2. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe.

Pak RT dhawuhi wargane supaya gugur gunung liwat wara-wara kang ditulis piyambake, namung piyambake boten gelem melu gugur gunung.

3. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake.

Tresna iku bocahe nakal banget, kesenengane kuwi nyolong peleme tanggane, amarga
tumindake Tresna, bapake Tresna dadi repot lan biasane diamuk karo tanggane.

4. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang

Dina Senen iku ana pelajaran Matematika sing gurune yaiku Pak Bandit kang terkenal kereng. Pas dina iku, Bobo lali nggarap PR kang diwenehi Pak Bandit. Ora mung iku, Bobo uga lali nggawa buku Matematika.

5. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman.

Wektu iku ana tamu sing lagi guneman ing ruang tamu. Pak Badrun uga ana ing kana. Ora weruh maksud lan apa gunemane tamu mau, Pak Badrun langsung nyela gunemane tamu mau. Nganti-nganti tamu mau guyu cekikikan.

6. Belo melu seton = bisane mung melu-melu. 

Jamil diajak karo Gogon supaya lunga. Jamil uga melu wae. Bathine Jamil nawa diajak lunga mangan-mangan. Padahal Gogon ngajak Jamil lunga ngeterna undangan.

7. Bathok bolu isi madu = wong ala rupane nanging manis bebudene.

Felix kuwi anake pinter namung, sayange Felix kuwi ala rupane. Kejaba iku Felix kuwi seneng tetulung lan Felix uga seneng mbantu panti asuhan lan wong kang ora nduwe.

8. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa

Ma’rouve kuwi murid sing paling pinter sakkelas. Mulane, wektu Ma’rouve diwulang Matematika bab Aljabar, Ma’rouve gelis banget mudenge.

9. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas.

Jaman biyen ana ratu kang jenenge Saladin karo Richard. Loro ratu iku padha pintere. Namung wektu wong loro mau iku mungsuhan, Saladin bisa nyingkirna Richard amarga Saladin mau luwih trengginas. 

10.Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune.

Wahid, Christi, lan Abdul kuwi kancanan cedhak. Bocah telu iku senengane kumpul. Mung wektu kumpul bocah telu iku padha-padha ora nduwe prelune. Mulane wektu kumpul bocah telu iku ora padha kompak.

11.Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug.

Pak Simon lan Pak Sandy iku arsitek. Wong loro iku lagi rembugan piye gambaran omah sing mengkone pingin dibangun. Namung Pak Sutarna sing ora diajak guneman langsung melu ngrembug karo arsitek loro mau.

12.Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik.

Juminah lan Jamilah lagi guneman pelajaran Basa Jawa. Namung, Jamilah kuwi nduwe watak senengane ceplas-ceplos. Mulane wektu Juminah lagi mikir nganti serius, Jamilah malah ngomong sing ora ana hubungane.

13.Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala.

Jarsiwah lan Barsiwah iku kancanan awit SMP. Wektu SD Jarsiwah iku watake ala senengane nyorat-nyoret tembok. Sakwalikke Barsiwah wektu SD iku kalakuane becik lan sregep. Amarga Barsiwah kancanan karo Jarsiwah, Barsiwah dadi nakal lan mbedik.

14.Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine.

PT XYANG WHO kuwi pabrik anyar sing mroduksi idep. Amarga idepe iku laris ing pasaran. PT kuwi entuk untung kang gedhe banget. Kajaba iku, idep mau uga dipesen artis-artis luar lan njero amarga kualitase sing apik. Mulane PT kuwi entuk untung luwih gedhe amarga dibayar luwih akeh karo artis mau.

15.Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone

Pak Bakri iku karyawan pabrik ing Medan. Padahal dheweke lan keluargane iku omahe ing Pati. Mulane, Pak Bakri kerep bolak-balik Medan-Pati angger seminggu sekali.

16.Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akih

Keluargane Pak Upik iku omahe gedhe banget. Amarga ngana, pajak sing kudu dubayar Pak Upik uga gedhe. Pak Upik nyoba supaya ngirit pangeluarane. Nanging, keluargane Pak Upik iku ora kuat ora nggo AC. Padahal, iki lagi musim kemarau. Dadine pangeluarane Pak Upik ora nambah sitik malah nambah akih.

17.Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)

Jessy iku bocah sing cerewet banget. Nganti dheweke terkenal amarga cerewete mau. Namung cerewete bocah iku padha karo amale. Dadhi kejaba cerewete dheweke iku ya seneng menehi.

18.Diwenehi ati ngrogoh rempela = Diwenehi sithik njaluk sing akih.

Syamsul saben dinane kuwi diwenehi sangu Rp3.000,00. Namung Syamsul ngrasa duwit semana kurang banget. Syamsul njaluk supaya diwenehi sangu Rp10.000,00 saben dinane. Alasane jajane larang-larang lan karo nggo tuku pulsa.

19.Emprit abuntut bedhug = Prakara sepele dadi gedhe

Wektu iku Fakhrudin lagi mangan gedhang. Sakwise mangan gedhang Fakhrudin mbuang kulit gedhang mau sembarangan. Wektu iku wong kang lagi nggawa guci kang larang banget. Akhire wong kang nggawa guci mau kepleset perkara ngidak kulit pisang mau. Guci dadhi pecah lan Fakhrudin dikon mbayar guci sing larang mau.

20.Gawe luwangan, ngurugi luwangan = Golek utang kanggo nyaur utang.

Bima iku wonge mlarat. Dheweke uga nduwe utang ing tetanggane akih banget. Ing sawijining dina tetanggane nagih utange Bima perkara wis tiba tempo. Mulane, Bima golek utang ing tetanggane sing liyane supaya bisa nyaur utang ning tetanggane sing lagi nagih.