Sabtu, 27 Februari 2010

Minggu, 07 Februari 2010

PAMITAN HAJI

Assalamualaikum Wr. Wb..
Para sesepuh pinisepuh imgkang kinurmatan, para hadirin hadirat ingkang dipunmulyaken dening Allah SWT, lan Bapak Amir ingkang kula urmati. Lamgkung rumiyin, kula unjukaken raos syukur dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan dhumateng kita sedaya. Katitik, kita sedaya saged maununggal wonten mriki. Keparenga wonten titimanci menika kula makili warga Condongcatur. Ingkang sepisan, kula muji syukur dhateng Gusti dening panjenengan wonten Bapak Amir ingkang keparingan wekdal nindakaken rukun Islam ingkang kaping gangsal inggih punika tindhak haji. Ingkang kalih, kula sedaya warga ndherek mangayubagya wonten tindhakipun Pak Amir. Mugi-mugi pinaringan sehat lan dadosa haji ingkang mabrur. Kula serta sedaya warga nyuwun pangapunten mbokbilih kula wonten kaluputan. Cukup semanten ingkang kula ngaturaken.
Billahi Taufiq Wal Hidayah,
Wassalamualaikum Wr. Wb..